Jumat, 31 Agustus 2018

Dun Turune awake Dewe

Dun Turun awake dewe kuwi bebrayan nyebut keturunan dewe. ono papat ubungane awake dewe kang perlu di mangerteni ;

  1. kang pisan Bapak.
  2. kang pindho bapakne bapak yoiku embah
  3. kang ping telo bapake embah yoiku mbah Buyut.
  4. kang ping papat yoiku bapak mbah buyut kuwi Eyang.
papat tataran iki monggo dimangerteni, kanggo nggegondelan anapak ing alam pacoban, alam donyo iki.


kanggo conto ing pirangan ngisor iki : siji Adam kanggo Eyange Mahalaleel, mbah buyute Mahalaleel  kuwi Set, simbahe Mahalaleel  kuwi  Enos lan Bapake Mahalaleel yoiku Kenan lsp. Mung wae kang wajib dimangerteni papat tataran.








Wadhagingsun

WADHAGINSUN,
Wadhag kuwi menowo digelar maksute yaiku kurungan menungso kang kababar dening tiyang sepuh kekalih.Bapa saha Biyung kang dadi sarana wadhag biso ngebegi alam donya kanti werno wernane ora podho. Soko kutub lor tumikane kutub kidul. Snajan koyo mangkono ono wae sing matur menungso kuwi duweno rupa sing podho hinggo 7. Ingsun ateges awake dewe. kang ka emot loro dadi ono boso Dwi Atunggal, Tunggal nanging ono koncane.



Gemraye anak kang dumadi saka bapa 




Padho mangertio menowo dun turune awake dewe kuwu kudu dimangerteni. Apo sebabe ?, Sebab kareben akrab lan luwih rumake ing antarane sing nurunke wadhag lan sing diturunake ing alam padhang iki lan biso ngebaki alam donyo.